lirik lagu Si'ir Pepali Ki Ageng Selo
Pepali ki ageng selo amberkahi Ojo gawe angkuh ojo ladak lan ojo jahil
Ojo ati serakah lan ojo celimut,,Ojo buru aleman lan ojo ladak
Wong ladak pan gelis mati lan ojo ati ngiwo
Sopo nandur bagus bakal panen ugo,,Seneng ayem bahagia anak putu sak kluwargo
Lamun dadi penggede printah anak buahe,,Ojo nganti keras kaku sak seneng karepe dewe
Dadiyo siro pelindung printah kelawan kiro kiro
Iling lan waspodo dawuh kang utomo,,Senengno jiwamu lan atimu ojo salah tompo
Pitutur kang luhur printahe agomo,,Ojo simpang siur tindak ngawur ndadekno sengsoro
Dadiyo wong agung kang minulyo tumindak sempurno
Nindaki kewajiban kanti dasar iman,,Akhlaq bagus tumus sabar alus noto ati mapan
Taat lan ngabekti perintahe gusti,,Nindakno ngibadah netepi printah amal kang pinuji
Nyadong ridho rohmat lan syafaat saking kanjeng Nabi
0 Response to "lirik lagu Si'ir Pepali Ki Ageng Selo"
Posting Komentar